UNGARAN|JEJAKKASUSINDONESIANEWS.COM-Kedadeyan laka lantas sing bola-bali kadadéan dina iki, saka Bawen nganti Alun-Alun Lawas Ungaran, sakjane maringi pepeling menawa wulan Suro iku wektu kang kebak tafakur lan waspada. Wulan kang diyakini kebak makna lan kadang nuwuhake rasa kewaspadaan luwih
Mbah Adi, sawijining sepuh lan tokoh media saka Leyangan, ngendikakaké menawa 10 Suro kuwi ora mung wektu angker, nanging uga wayahe kanggo ndekatake awake marang Gusti Kang Akarya Jagad.
“Saben kedadeyan bisa wae mung kebetulan, nanging ora ana salahé menawa 10 Suro iki digayuh kanggo ndedonga, wiridan, lan nyuwun pangayomaning Gusti Allah, supaya dijauhake saka bilai lan diparingi tentreming ati,” ngendikané Mbah Adi marang tim Jejakkontruksi.com.
“Wengi 10 Suro saben taun asring diisi karo doa bersama, tahlilan, dzikir, lan upaya spiritual liyane. Nanging kahanan lalu lintas lan kedadeyan ganjil sak dina iki dadi cathetan penting supaya masyarakat ngedepake kewaspadaan, ora mung lahir nanging uga batin.
Pangarep-arep, Suro iki dade mangsa pangalusan ati lan pangayoman tumrap masyarakat sak kabèh.
Ditulis : Witriyani